101 Labs - Linux LPIC1: Includes Linux Essentials

101 Labs - Linux LPIC1: Includes Linux Essentials

B. Daerah Sekolah Menengah Atas sebutna jinis - jinise cangkriman!​

sebutna jinis - jinise cangkriman!​

Wangsuli pitakon

Jinis - jinise cangkriman :

  1. Cangkriman wancahan.
  2. Cangkriman blendheran.
  3. Cangkriman pepindhan.
  4. Cangkriman tembang.

__________________

Pembahasan

Cangkriman yaiku unen unen utawa Tembung sing kudu dibedhek utawa dibathang maksude.

Cangkriman kaperang dadi 4 :

1. Cangkriman wancahan

yaiku cangkriman sing awujud wewancah utawa cekakan (singkatan).

→ tuladha :

  • buta buri = tebu ditata ana mburi.
  • manuk biru = pamane punuk bibine Kuru.
  • pak bolentus = tapak kerja lelene satus.

2. Cangkriman blendheran

yaiku cangkriman awujud plesetan yaiku pitakon sing gunane kanggo ngecoh kancane.

→ tuladha :

  • gajah ngidhak endhog ora pecah = sing ora pecah endhoge
  • wong dodol tempe ditaleni = sing ditaleni tempene

3. Cangkriman pepindhan

yaiku cangkriman sing ngemu ateges irib iriban.

→ tuladha :

  • bapak Demang klambi Abang sing disundhuk manthuk manthuk = onthong.
  • bocah cilik nggendhong anak = bekecot.

4. Cangkriman tembang

yaiku cangkriman kang mapane sinawung ing tembang.

→ tuladha :

  • bapak Pucung Dudu watu Dudu gunung, sangkamu ing Sabrang, ingon ingone sang bupati Yen lumampah si Pucung lembehan Grana = gajah
  • bapak Pucung renteng renteng kaya kalung dawa kaya ula, pencokamu Wesi miring sing disaba si Pucung mung turut kutha = sepur

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Cangkriman
  • Kode : 13

[answer.2.content]